Sadherek, minangka manungsa ingkang sarwa winates temtu kita nate ngraosaken ajrih, awit kita dipun abenajengaken kaliyan mawarni-warni perkawising gesang lan pepak. Punika kasunyataning gesang ingkang kedah kita lampahi.
Pitakènanipun, ”Kadospundi caranipun supados kita saged wantun ngadhepi kasunyataning gesang ingkang mawarni-warni saha pepak kados mekaten? Waosan Kitab Suci wekdal samangke (Yésaya 50:4-7 lan Yokanan 12:12-16) ngatag kita sinau saking abdinipun Gusti ingkang sinebat ing Kitab Yésaya menapadéné saking Sang Kristus minangka manungsa sejati. Saking waosan-waosan kasebat, kita sinau bilih supados kita saged wantun ngadhepi kasunyataning gesang ingkang mawarni-warni saha pepak kasebat, pramila sumangga kita ngrumaosi timbalaning gesang, yakin bilih Gusti bakal mitulungi tiyang leres/mursid, lan tansah ngangsu daya kakiyatan saking Gusti ingkang kedah kita lampahi.
Abdinipun Gusti ing Kitab Yésaya ngrumaosi bilih punapa kémawon résikonipun, piyambakipun tetep kedah lan badhé ngumandhangaken karsanipun Gusti. Mekaten ugi ingkang dipun tindakaken Sang Kristus. Panjenenganipun ngrumaosi bilih ancas tujuwanipun Panjenenganipun rawuh ing donya punika inggih supados nebus dosa saha milujengaken manungsa. Pramila résiko sangsara dan seda sinalib dipun lampahi kanthi legawaning manah ngantos pungkasanipun Panjenenganipun dipun mulyakaken déning Allah Sang Rama.
Kanthi raos-rumaos ingkang kados mekaten, anggènipun manungsa wantun ngadhepi kasunyatan punika boten namung waton wantun. Ananging raos wantun ingkang tuwuh amargi nggadhahi ancas ingkang cetha. Sadaya résiko saha bab-bab ingkang saged tuwuh saking pandamel sampun dipun étang-étang saha dipun penggalih kanthi lebet saha premati, satemah raos wantun kasebat saèstu kadhasaran pacawisan ingkang mateng.
Sadherek, nalika kita wantun ngadhepi kasunyataning gesang ingkang pepak saha mawarni-warni kasebat kanthi tigang bab kasebat: Ngrumaosi timbalaning gesang, yakin: Gusti mitulungi tiyang leres/mursid, lan tansah ngangsu daya kakiyatan saking Gusti, pramila kita badhé saged methik wohipun. Serat Filipi 2:6-11 nyariyosaken kadospundi Gusti Allah mulyakaken Sang Kristus ingkang sampun setya saha jangkep anggènipun nindakaken pakaryanipun. Punika nedahaken bilih pambudidaya ingkang kendel wonten ing Gusti badhé nuwuhaken bab-bab ingkang saé saha mulya. Kados ingkang ugi dipun alami Joanne Rowling (Penulis buku Harry Poter). Wonten wewarah saé ingkang ngucap mekaten: ” Nalika kita boten wantun ngadhepi kasunyataning gesang, punika ateges kita ugi boten wantun ngadhepi kamajengan.” awit jaman punika tansah majeng lan temtu wonten prekawis-prekawis anyer malih wonten ing gesanging manungsa. Sumangga, sampun ngantos kita ajrih ngadhepi kasunyataning gesang ingkang mawarni-warni lan saged njangkepi endahing gesang kita kanthi pitados dhumateng Gusti Allah bilih sadaya rancanganipun punika sae lan endah. Amin.