Gesangipun manungsa ing jagad punika saged kagambaraken kados dene tiyang lelayaran. Kadang ombak karaosaken alit, ananging saged ugi karaosaken ageng, nggegirisi lan nuwuhaken bebaya. Gesang ugi saged ing kawontenan ingkang karaosaken sae, sehat, kacekapan, lan mbingahaken, ananging ugi saged karaosaken rekaos, sakit, kekirangan lan kasisahan. Nalika nemahi praharaning gesang, manungsa saged anggadhahi pitakenan utawi malah protes dhumateng Gusti. Menapa malih manawi rumaos sampun nindakaken sedaya ingkang sae, ananging malah nampi kawontenan ingkang mboten sae. Prekawis punika ingkang karaosaken dening Ayub minangka tiyang ingkang alim lan jujur, ajrih asih dhumateng Gusti lan nebihaken diri saking piawon. Ananging Ayub nemahi kawontenan gesang ingkang awrat inggih punika kecalan sedaya putra-putrinipun, bandhanipun ingkang kathah, malah ugi nandhang sesakit.
Punapa ingkang karaosaken dening Ayub ugi nathe karaosaken dening para sekabatipun Gusti Yesus. Praunipun katempuh ombak ageng lan kalebetan toya. Para sekabat ajrih lan mbudi daya supados prau mboten klelep. Ananging, ombaking seganten sangsaya nggegirisi. Salebeting kawontenan makaten, para sekabat ngajeng-ajeng pitulungan utawi sak mboten-mbotenipun Gusti Yesus ugi nindakaken pambudi daya kaliyan para sekabat. Nyatanipun, Gusti Yesus mboten nindakaken menapa-menapa, malah Gusti Yesus sare. Pramila, kados dene pitakenanipun Ayub, para sekabat sami munjuk: “Guru, punapa Paduka boten nggalih bilih kawula sami badhe tiwas?”
Pitados dhateng kasaenanipun Gusti ing kawontenan gesang ingkang sae pancen gampil, ananging kados pundi menawi kawontenan gesang sisah, sakit lan sangsara? Kados pundi menawi kawontenan gesang sampun sami kaliyan prau ingkang sampun badhe klelep? Lumantar pangandika dinten punika, kita kabereg supados tansah pitados lan mitadosaken pitulungan kita dhumateng Gusti. Pramila prelu mratelakaken sikep ingkang makaten:
- Mbikak manah dhumateng pakaryanipun Gusti
Pancen kawontenan gesang ingkang awrat saged nuwuhaken kasisahan, semplah lan pitakenan bab kasaenan utawi pitulunganipun Gusti. Ananging, tiyang ingkang tansah mbikak manah dhumateng pakaryanipun Gusti saged ngraosaken bilih Gusti kuwaos paring pitulungan. Gusti ingkang Maha Kuwaos, inggih Gusti ingkang tansah presa sedaya prekawis, kalebet presa sedaya lampahing gesang kita. Tiyang ingkang mbikak manah dhumateng pakaryanipun Gusti inggih tiyang ingkang badhe saged ngaturaken: “ … awitdene Panjenengane iku sae! Ujer sih susetyane iku langgeng ing salawase!” (Jabur 107:1) saha pitados bilih Gusti badhe paring pangluwaran saking karibedan. (Jabur 107:28). - Pitados bilih Gusti tansah preduli, ngayomi lan mitulungi
Kadang kala kita ngraosaken kados dene para sekabat bilih Gusti ketingalipun namung kendhel, mboten nindakaken menapa-menapa lan mboten preduli dhateng kita. Ananging, sejatosipun Gusti tansah preduli lan kuwaos mitulungi kita. Gusti mbereg manah kita tansah ngendelaken pitulunganipun. Sanadyan ombak ageng nggegirisi, Gusti nimbali para sekabat mboten ajrih lan bingung. Makaten ugi sageda kita tansah pitados lan ngendelaken Gusti ing sadhengah kawontenan.