Wonten ing salebeting buku “Takhta untuk Rakyat”, SK Trimurti, nyariosaken Sri Sultan Hamengkubuwana IX ingkang asring tindak ngasta mobil piyambak lan remen paring nunutan dhateng warga masyarakat. Satunggaling dinten, wonten ibu bakul uwos ingkang ndherek (nunut) Sultan dhateng Peken Kranggan. Mboten namung paring nunutan, Sultan ugi mbiyantu ibu kala wau ngandhapaken daganipun.
Sasampunipun dumugi peken, ibu punika nembe dipun paringi mangertos dening tiyang menawi ingkang dipun nunuti kala wau Sultan Hamengkubuwana IX. Saking kagetipun, ibu kala wau ngantos semaput. Sultan Hamengkubuwana IX punika mujudaken salah satunggaling conto ratu ingkang kersa manjing “ajur-ajer” ing satengahing masyarakat. Panjenenganipun saged mangertosi kawontenan warganipun lan saged paring pambiyantu dhateng warganipun ingkang mbetahaken pitulungan.
Carios bab Sultan Hamengkubuwana IX saged mbiyantu anggen kita ngraosaken bab Sang Kristus minangka Ratuning Jagad ingkang kita raosaken dinten punika. Wonten ing dinten Kristus Ratuning Jagad, biasanipun pasamuwan sami njinggleng bab Sang Kristus ingkang lenggah ing kamulyanipun. Kita sami ngajeng-ajeng sami kapethuk dening Gusti lan nampi ganjaran kaswargan. Pangangen-angen punika pancen dados pangajeng-ajeng kita ing Sang Kristus. Ananging waosan dinten punika mboten nengenaken bab panggenan lan kamulyanipun Gusti Yesus minangka Sang Ratu ing swarga. Waosan Injil malah nyariosaken bab kasangsaran ingkang kedah kasandhang dening Gusti Yesus. Gusti Yesus sami dipun poyoki minangka ratunipun tiyang Yahudi ingkang tanpa daya. Gusti Yesus sami dipun tantang ngetingalaken panguwaosipun kanthi mandhap saking salib. Ananging Gusti Yesus saged nampi sedaya punika kanthi sabar, tatag lan kiyat. Gusti Yesus setya tuhu nindakaken timbalanipun kangge milujengaken manungsa ing satengahing kasangsaran ingkang ageng. Rasul Paulus ngetingalaken bilih Gusti Yesus punika kagungan panguwaos tumrap sedaya titah, ananging Gusti Yesus lila kanthi andhap asor nglampahi kasangsaran, panganiaya, lan pamoyok, kangge mbabar kawilujengan. Punapa ingkang dipun pratelakaken dening Gusti inggih punika bab kados pundi ngugemi kasetyan, boten bab kados pundi nggayuh drajat lan kamulyan pribadi. Wonten ing kajeng salib, Gusti Yesus malah mratelakaken sih pangapunten kangge tiyang-tiyang ingkang sami nyalibaken Panjenenganipun.
Nabi Yeremia lan Juru Mazmur ugi nelakaken bab Ratu Sejati ingkang kagungan krenteg lan kasanggeman nresnani lan migatosaken umatipun. Panjenenganipun estu kersa tumedhak rawuh ing satengahing umat ingkang nandhang kasangsaran. Pancen kedahipun, ratu sejati punika ngengen mendanipun kanthi gumolonging manah, boten malah ngginakaken kalenggahan kangge mbujeng pikajengipun piyambak. Mugi pangandikanipun Gusti punika nuwuhaken adreng lan kesanggeman kita sami, anggen kita nulad Sang Kristus, inggih punika ndherek belaraos dhateng pasambating sesami, wantun tumindak adil lan tuhu nelakaken katresnan tanpa kekerasan.