Tembung “pangibadah” asring kita ucapaken utawi kita mirengaken ing gesang padintenan, upaminipun wonten ing tembung “tata pangibadah”, “tindak pangibadah”, lan “papan pangibadah”. Pramila pangibadah asring dipun mangertosi winates wonten ing salebeting upacara utawi satunggaling wekdal kemawon. Ananging sejatosipun, pangibadah punika kedah kita wujudaken wonten ing sawetahing gesang kita. Punapa kemawon ingkang kita raosaken, ucapaken lan tindakaken, sedaya punika mujudaken pangibadah dhumateng Gusti. Pramila antawisipun pangibadah ing satunggaling ritual agami, mboten saged dipun pisahaken kaliyan tata gesang padintenan. Kesalehan wonten ing salebeting ritual agami kedah mawujud ugi ing kesalehan gesang padintenan.

Wonten ing gesang padintenan, kita asring ningali wonten tiyang ingkang sregep nindakaken ritual pangibadah, ananging tata gesangipun mboten sae. Prekawis punika ingkang dipun saruwe dening Nabi Amos. Tiyang-tiyang ingkang sregep ngibadah, ananging dados panindes tumrap sesami. Tiyang-tiyang ingkang kados makaten, dipun emutaken bilih sedaya kawontenan ingkang sekeca ing gesang badhe telas, kagantos kasangsaran awit paukumanipun Gusti. Sampun ngantos kadonyan, kados ta bandha, malah ndadosaken manungsa kesupen dhumateng Gusti. Manah kita kedah ngener namung dhumateng Gusti, mboten dhateng prekawis-prekawis kadonyan.

Wonten ing waosan I Timotius 6:6-19, Rasul Paulus paring piwucal bilih pangibadah ugi kedah katindakaken wonten ing manah ingkang saged ngraosaken lan ngucap sokur ing berkahipun Gusti. Tiyang ingkang saged ngraosaken lan ngucap sokur ing berkahipun Gusti mujudaken tiyang ingkang mboten srakah. Kados pundi tuntunan ingkang kaparingaken supados saged ngraosaken lan ngucap sokur ing berkahipun Gusti? Ingkang kapisan inggih punika njagi manah kita saking pepinginan dados sugih. Ingkang kaping kalih, kita kedah njagi manah kita supados mboten ndadosaken bandha minangka allah ingkang nguwaosi gesang kita. Punapa ingkang kita tindakaken ing gesang mboten awit tujuan mburu bandha kadonyan utawi kasugihan. Kabingahaning gesang punika mboten gumantung kaliyan kathahipun arta ingkang kita gadhahi. Malah, kathah tiyang ingkang dhumawah wonten ing maneka warni kasangsaran awit mburu arta ing gesangipun.

Nalika manah kita dipun kuwaosi raos srakah, kita mboten badhe ngrasoaken cekap ing berkah-berkahipun Gusti. Kados tembung wicaksanan ingkang makaten: “Jagad lan isinipun punika cekap kangge sedaya manungsa, ananging mboten cekap kangge satunggaling tiyang ingkang srakah.” Pramila, tiyang ingkang srakah temtu mboten badhe dados berkah kangge sesami. Sanadyan kathah bandhanipun, mboten badhe dipun bagekaken dhateng sesami. Punika ingkang dados bebaya ing gesangipun manungsa. Pramila, Gusti Yesus ugi ngengetaken supados kita saged gesang kanthi nggatosaken sesami. Sampun ngantos kita kados tiyang sugih ingkang dipun cariosaken ing Lukas 16:19-31. Tiyang sugih punika mboten preduli dhateng lazarus ingkang mbetahaken pitulunganipun. Pramila, tiyang sugih punika nampi kasangsaran lan mboten lumebet ing kabingahan gesang langgeng.

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.