Kita asring mireng tiyang ingkang dipun lantik nampi jabatan utawi kalenggahan sami ngendika bilih jabatanipun punika mujudaken “amanah”. Pramila lajeng sami maringaken janji badhe mujudaken kawontenan ingkang sae kangge sesami/warganipun. Ananging, kita asring mangertosi bilih tiyang ingkang sampun anggadhahi panguwaos kesupen kaliyan tanggel jawabipun dhateng sesami. Malah asring lajeng sami mburu kepentinganipun piyambak.

Pramila tumindakipun mboten dados berkah, kosok wangsulipun malah nuwuhaken kasangsaran tumrap sesami.

Pangandikanipun Gusti dinten punika ngengetaken dhateng kita supados saged gesang dados berkah kangge sesami. Pramila, wonten prekawis-prekawis ingkang kedah kita gatosaken lan wujudaken ing salebeting gesang, inggih punika:

1. Tanggel jawab
Gusti Allah mboten karenan kaliyan para abdi inggih punika para pangagengipun Bangsa Israel ingkang sami nglirwakaken tanggel jawab anggenipun ngreksa “para mendha” kagunganipun Gusti. Gusti Allah ngengetaken “ Kowe padha ora mbeciki umat-Ku, malah padha kokbuyarake lan kokgusahi. Saiki kowe bakal Dakukum merga piala sing koklakoni.” (Yer 23:2) Para tiyang ingkang sami nampi kalenggahan minangka juru pangen, kedah paring panuntun dhumateng para menda (umat) murih tetepa manunggal/nyawiji ing satengahing pepanthan lan rineksa gesangipun.

Tiyang ingkang kaparingan kalenggahan kedahipun mboten namung mburu kepentingan utawi kabetahan pribadi, ananging nggadhahi timbalan kangge nuwuhaken kasaenan tumrap sesami. Pramila, sedaya rancangan lan pakaryanipun kedahipun ngener kangge kasaenan sesami. Mboten malah nuwuhaken kasangsaran kangge sesaminipun, kanthi tumindak sewenang-wenang utawi nguja hawa nepsu pribadinipun.

2. Welas asih
Kathah tiyang ingkang saged nindakaken kasaenan, ananging anggadhahi pamrih. Upaminipun, nalika tiyang nyalon dados wakil rakyat, lajeng sami bagi-bagi sembako. Ananging, nalika mboten kapilih, lajeng nepsu utawi malah nyuwun wangsul menapa ingkang sampun dipun paringaken. Tiyang ingkang anggadhahi pamrih ing tumindak saenipun, temtu ingkang dipun ener inggih namung kepentinganipun piyambak. Kasaenan punika namung kangge lantaran anggenipun nggayuh punapa ingkang dados ancasipun.

Gusti Yesus mujudaken pribadi ingkang peladosanipun ketingal nyata tanpa pamrih. Pramila, nalika wonten panyaruwe saking tiyang ingkang mboten remen ing paladosanipun, Gusti Yesus babar pisan mboten rumaos rugi utawi ajrih. Gusti Yesus mboten nengenakan kabetahanipun piyambak, ananging tansah nengenaken kabetahanipun umat. Sanadyan sayah, kerapan lan mbetahaken wekdal kangge ngaso, Gusti tetep nampi lan paring pitulungan nalika kathah tiyang sami sowan dhumateng Panjenenganipun.

Pangandikanipun Gusti ing Markus 6:34 ngendikakaken makaten: “Nalika mandhap saka ing prau, Gusti Yesus pirsa wong akeh wis padha ana ing kono. Mirsani wong-wong mau Gusti Yesus mesakaken, awit padha kaya wedhus sing ora ana pangone. Gusti Yesus banjur paring piwulang akeh-akeh marang wong-wong mau.” Gusti saged mujudaken peladosan ingkang dados berkah, amargi kagungan manah ingkang kebak welas asih dhateng sesami.

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.