Wonten ing salebeting gesang, manungsa saged nemahi kawontenan ingkang nuwuhaken raos sisah, nglokro, tanpa pangajeng-ajeng. Makaten ugi ingkang saged kita tingali wonten ing gesangipun para sekabatipun Gusti Yesus. Gusti Yesus ingkang dipun tresnani, sampun seda kanthi cara ingkang nggegirisi. Temtu saged wonten maneka warni raos ingkang tuwuh ing manahipun para sekabatipun Gusti, antawisipun kasisahan, ajrih, semplah, utawi gelo awit sedaya kelampahan tanpa wonten prekawis ingkang saged dipun tindakaken dening para sekabat kangge Gusti Yesus. Wonten ing kamanungsan, pepejah mujudaken pungkasan, ingkang ngetingalaken kawontenan tanpa pangajeng-ajeng. Pramila, para pawestri ingkang sami kesah dhateng pasareanipun Gusti Yesus sami mbetha anggi-anggi kangge layonipun Gusti Yesus.

Mboten wonten pamikiran bilih Gusti Yesus punika badhe wungu saking seda, sanadyan Gusti sampun nathe martosaken bab wungunipun punika. Para pawestri punika sami bingung, malah kuwur atinipun nalika ningali bilih sela ingkang kaagem nutup pasarean sampun kabikak, lan layonipun Gusti sampun mboten wonten. Salebeting raosing manah kuwur punika, wonten malaekatipun Gusti ingkang martosaken bab wungunipun Gusti. Para pawestri punika nembe kemutan ing pangandikanipun Gusti. Sasampunipun mireng pawartos wungunipun Gusti, para pawestri punika wangsul. Wangsulipun ing salebeting manah ingkang bingah, kebak pangajeng-ajeng, pramila sami nyariosaken pawartos wungunipun Gusti. Wungunipun Gusti pancen mujudaken daya ingkang ndadosaken manungsa nggadhahi pangajeng-ajeng, mboten namung kangge gesang sa punika, ananging ugi kangge gesang ingkang langgeng. Kagem Rasul Paulus, wungunipun Gusti Yesus dados inti pangajeng-ajengipun para tiyang pitados. Manungsa dhumawah ing dosa awit satunggal tiyang (Adam), makaten ugi awit satunggal tiyang (Gusti Yesus) manungsa manggihaken kawilujengan. Gusti Yesus ingkang wungu sampun ngawonaken panguwaosing pepejah, satemah tiyang pitados badhe kawungokaken lan pikantuk gesang langgeng. Wungunipun Gusti sejatosipun mboten namung kagem mangsa ngajeng, ananging daya wungunipun Gusti ugi sampun saged kita raosaken ing salebeting gesang sa punika. Gesang ingkang tansah bingah lan kebak pangajeng-ajeng.

Gusti ngersakaken para kagunganipun tansah gesang ing salebeting kabingahan. Pramila, manawi kita nggatosaken pangandikanipun Gusti ing Yesaya, kita saged ningali kados pundi para kagunganipun Gusti kala rumiyin ugi kaparingan pangandika ingkang nuwuhaken pangajeng-ajeng, satemah saged sami gesang ing salebeting kabingahan lan semangat. Para kagunganipun badhe ngraosaken pitulunganipun lan saged sami gesang ing salebeting kawontenan ingkang anyar. Gesang ingkang namung kebak ing kabingahan, berkah lan tebih saking panandhang kados ingkang sami karaosaken ing salebeting pambuwangan. Kasaenanipun Gusti punika ugi ingkang tansah karaosaken dening Juru Mazmur. Juru Mazmur ngajak dhateng kita supados tansah ngaturaken sokur dhumateng Gusti awit kasaenanipun, sih susetyanipun langgeng. Gusti punika kakiyatan kita, ingkang tansah mitulungi kita. Gusti ugi ingkang tansah paring jawaban wonten ing pandonga kita. Para kagunganipun sageda tansah gesang ing salebeting kabingahan. Gesang ing kabingahan punika ugi kedah kita bagekaken dhateng sesami kita.

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.