Wicanten bab Kamardikan, wonten kathah pamawas bab tembung “mardika”. Wonten tiyang ingkang nggalih bilih mardika punika bebas saking panguwaos sanes, wonten tiyang ingkang nggalih bilih mardika punika bebas tumindak tanpa winates, wonten ugi tiyang ingkang nggalih bilih mardika punika tegesipun nggadhahi tanggel jawab. Punapa malih dipun gayutaken kaliyan kamardikan sacara karohanen. temtu dados satunggaling bab ingkang sae, kadospundi Gusti Allah mardikakaken lan ngersakaken supados tiyang pitados saged gesang mardika kanthi tanggel jawab.
Minangka tiyang ingkang sampun kaluwaraken saking panguwaosing dosa, temtu wonten kuwajiban ingkang kedah dipun tindakaken. Awit saking punika sumangga kita sesarengan saestu nyumurupi karsanipun Gusti atas kamardikan ingkang sampun kita tampi, supados kita saged nindakaken kamardikan punika kanthi kawicaksanan lan kebak tanggel jawab.
Wonten ing cariyos ingkang kapethik saking Injil Markus 1:21-28, kacariyosaken bilih Gusti Yesus ngluwari tetiyang ingkang dipun kuwaosi dhemit nalika Gusti Yesus taksih memucal. Sanadyan ing papan pangibadah, nyatanipun wonten dhemit ingkang nguwaosi karohanenipun tiyang punika. Saking cariyos punika nyata sanget bilih Gusti Yesus boten ngersakaken karohanen lan kajasmanenipun manungsa punika dipun kuwaosi dening Iblis. Nalika karohanen kita dipun “kuwaosi Iblis”, tegesipun ing sauruting pitembungan, tindak-tanduk, pamawas kita punika boten condhong kaliyan karsanipun Gusti lan Gusti bakal ndukani malah kepara ngusir.
Sadherek, dados satunggaling tiyang ingkang mardika (kajasmanen lan karohanen) punika pangajeng-ajengipun sadaya manungsa. Pramila, nyumurupi kamardikan ingkang sampun kita tampi saking Gusti punika wigati supados gesang kita condhong kaliyan karsanipun Gusti Allah. Boten malah tebih saking karsanipun Gusti, awit saking cariyos ing Injil Markus wonten ing nginggil, cetha sanget bilih sanadyanta ing papan pangibadah (komunitas Kristen) tetep kemawon wonten panguwaosing dosa. Awit saking punika sumangga kita gesang ing salebeting Sang Kristus supados gesang kita boten dipun kuwaosi Iblis. Nalika gesang kita boten dipun kuwaosi iblis, kita saged nindakaken kamardikan punika kanthi leres lan prayogi.
Kita temtu pitados bilih gesang ndhèrèk Gusti ateges gesang ingkang mardika. Mardika kanggé sowan ngabekti dhumateng Gusti tanpa raos ajrih amargi dosa lan kalepatan sampun kalebur déning Gusti Yésus. Pramila sampun samesthinipun tiyang pitados nglampahi gesang manut karsanipun Gusti kanthi mardika, kados ingkang kababar déning Juru Mazmur. Tanpa raos kepeksa, nanging kebak atur panuwun dhumateng Gusti ingkang salajengipun sinebat sikep ajrih asih. Nanging mboten cekap namung tumindak ingkang mardika, manah iman ugi kedah kamardikaken supados tiyang pitados saèstu saged ngraosaken pangrimatipun Gusti lan samangké kabereg nglairaken pengaken bab Gusti ingkang makarya wonten ing gesangipun. Kanthi kesadharan punika, tiyang pitados samangké kauleman mbabar kamardikan dhateng sesaminipun. Ngrumaosi dhiri minangka tiyang ingkang mboten kajajah malih kalajengaken mbangun sikep gesang ingkang mboten purun njajah sesami saha mboten ngumbaraken sawernining “penjajahan” tumrap ngasanès. Punika tiyang ingkang mardika ing Gusti sawetahipun. AMIN.