Gesang punika nyata boten gampil. Pindha lumampah ing pasamunan, betahaken manah ingkang teteg, temah tatag menawi ing tembé kedah ngadhepi pepalang. Kala mangsanipun kita sami rumaos was sumelang, kepara ajrih. Mirungganipun nalika kita nembé ngadhepi prekawis ingkang awrat.
Ing salebetipun kawontenan ingkang kados makaten, Sabdanipun Gusti dados panglipur, temah njalari raos ayem lan tentrem.
Nulad pengalamanipun Bangsa Israèl nalika lumampah tumuju ing tanah prasetyan, nyata bilih kapitadosipun dhateng Gusti tuwuh sangsaya kiyat ing salebetipun pengalaman-pengalaman ingkang pinanggih ing sauruting lampah. Antawisipun kados ingkang sinerat ing Pangentasan 24:12-18.Nalika semanten bangsa Israèl anggénipun mlampah sampun dumugi redi Sinai. Tigang wulan dangunipun anggénipun mlampah saking Mesir ngantos dumugi ing ngriku. Mila sampun samesthinipun menawi sami ngraosaken sayah, kepara semplah ing manah jalaran boten sumerep margining gesang ingkang badhé dipun lampahi. Inggih ing swasana ingkang kados makaten kamulyanipun Gusti kanyatakaken. Sasampunipun ningali kamulyaning Allah ing pucuking redi Sinai, bangsa Israèl rumaos ngungun kepara ajrih. Éwa semanten, ningali kamulyaning Allah ingkang ngédab-édabi punika inggih njalari raos bingah saha ayem tentrem. Sanyata bilih Gusti Allah ingkang nuntun lampahipun punika Allah ingkang Maha Kuwaos. Sauger umat sami pitados lan setya netepi dhawuhipun, mesthi tansah ingayoman.
Kados déné bangsa Israèl rumaos ngungun kepara ajrih nalika ningali kamulyaning Allah ing pucuking redi Sinai, makaten ugi para sekabat (Petrus, Yakobus, kaliyan Yokanan) nalika nyekséni Gusti Yésus kamulyakaken ing sanginggiling redi. (Matius 17:1-9). Pangandikanipun Gusti: “Sajroné lagi matur, dumadakan ana méga padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning méga, pangandikané: “Iki Putraning-Sun, Kekasihing-Sun, Kang damel renaning penggalihing-Sun, Iku sira rungokna.” (Matius 17:5). Kadadosan punika nerangaken bilih Gusti Yésus punika Sang Kristus (Putraning Allah), kados ingkang sampun kaweca dening para nabi. (Bdk. 2 Petrus 1:16-21).
Kacariyos, ing ngriku Gusti Yésus pinanggih kaliyan nabi Musa lan nabi Élia. Cariyos bab pepanggihan punika badhé nerangaken bilih pakaryaning Allah anggénipun nuntun umatipun lestantun wiwit Prajanjian Lami (lumantar nabi Musa) ngantos dumugi ing Prajanjian Anyar ingkang lumantar Gusti Yésus Kristus. Liripun, mandat minangka utusaning Allah ingkang nuntun umat dhateng margining kawilujengan ing wekdal samangké kapasrahaken kanthi wetah dhumateng Gusti Yésus Kristus. Pramila, kados déné bangsa Israèl anggénipun pitados kanthi setya lan bhekti dhumateng Allah srana ngestokaken Pepaken Sadasa Prekawis ingkang lumantar nabi Musa, makaten ugi kedahipun para tiyang pitados anggénipun sami setya lan bhekti dhumateng Allah srana ngèstokaken pangandikanipun Gusti Yésus. Ningali kamulayaning Allah saéstu nuwuhaken raos bingah saha adamel tentreming manah. Pramila, sumangga kita sami ngènget-ènget bab kamulyaning Allah ingkang sampun kababar ing Kitab Suci saha ing sauruting gesang kita. Kanthi makaten, kita sami pikantuk berkah kabingahan saha manah ingkang ayem tentrem.