Wonten ing peladosanipun, Gusti Yesus ngadepi maneka warni prekawis, sae saking sekabatipun utawi saking tiyang sanes. Gusti Yesus tansah mucalangekan prekawis ingkang sae, ananging kasunyatanipun tiyang Samaria nampik para sekabatipun. Gusti ugi ngraosaken para sekabatipun mboten mangertos ingkang dados piwucalipun, awit matur supados tiyang Samaria ingkang nampik punika dipun tumpes. Gusti ugi presa wontenipun tiyang ingkang semaya nalika dipun timbali ndherek Gusti. Sedaya punika mboten ndadosaken Gusti Yesus kendel. Gusti Yesus nindakaken sedaya pakaryanipun mboten adhedasar panampining tiyang, ananging adhedasar kersanipun Allah Sang Rama. Gusti Yesus mardika saking sedaya panampi utawi pikajengipun manungsa, lan tetep nindakaken prekawis ingkang leres sanadyan maneka warni kawontenan.
Nabi Elia ing salebeting peladosanipun ugi ngraosaken kawontenan ingkang awrat. Panjenenganipun sampun ngraosaken pangrimatipun Gusti lumantar peksi gagak lan randha ing Sarfat. Ananging, nyawanipun tetep ing pangancamipun Sang Prameswari Izebel. Manahipun ngraosaken semplah. Pramila, panjenenganipun lajeng nebih dhateng Redi Horeb. Ing salebeting kawontenan punika, Gusti paring kamardikan dhateng Nabi Elia. Nabi Elia dipun emutaken dening Gusti bilih mboten sedaya prekawis gumantung kaliyan piyambakipun. Peladosan ingkang dipun tindakaken punika mboten awit lan saking pikajengipun piyambak, ananging saking kepareng lan pitulunganipun Gusti. Gusti taksih kepareng ngagem Nabi Elia lan ugi miji tiyang ingkang badhe nglajengaken pakaryanipun. Nabi Elia dipun dhawuhi supados njebadi Elisa.
Lumantar paladosanipun Gusti Yesus lan Nabi Elia, kita saged sinau bilih kamardikan dipun raosaken nalika tiyang masrahaken dhirinipun supados namung tansah katuntun dening Gusti. Gusti Yesus ngladosi awit nindakaken kersanipun Allah Sang Rama. Nabi Elia ing peladosanipun kadamel ayem lan santosa dening Gusti. Kamardikan sejati katampi nalika tiyang purun katuntun dening Rohipun Gusti. Juru mazmur ngendikakaken bilih tiyang ingkang mursid punika dipun paringi pitedah dening Gusti lan dipun tedahi margining gesang.
Rasul Paulus ugi ngendikakaken bab kamardikanipun tiyang pitados. Tiyang pitados mujudaken tiyang ingkang sampun dipun mardikakaken dening Gusti Yesus Kristus. Tiyang pitados sampun nampi kamardikan saking dosa. Pramila saking punika, tiyang pitados mboten gesang kanthi nuruti pakaremaning daging, ananging gesang ing salebeting tuntunanipun Sang Roh. Pasamuwan sampun saged milih lan milah prekawis ingkang leres lan mboten. Tiyang pitados sageda mujudaken tata gesang ingkang ngener ing kersanipun Gusti lan ngendelaken Gusti. Gesang katuntun dening Roh badhe ngedalaken wohing Roh inggih punika katresnan, kabingahan, tentrem rahayu, sabar sareh, paramarta, kasaenan, kasetyan, alusing budi, lan kuwagang ngemudheni dhiri. Sedaya punika saged mawujud nalika tiyang kanthi saestu masrahaken dhiri supados dipun mardikakaken dening Allah. Roh Allah ingkang nuntun gesangipun satemah saged ngedalaken wohing Roh.