Punapa ingkang saged ndadosaken tiyang kepengin dados pandherekipun salah satunggaling tokoh lan dados anggota ing kelompokipun? Umumipun amargi wonten janji ingkang ngresepi ingkang badhe dipunduweni. Janji punika saged arupi menapa kemawon: arta, kalenggahan, status sosial, ayeming manah lan sapanunggalanipun.
Boten dipun mangertosi punapa ingkang dados pawadanipun para murid nalika mutusaken dados pandherekipun Gusti Yesus. Mestinipun kathah pawadan. Mbok menawi awit kasengsem kaliyan kharismanipun Gusti Yesus nalika semanten. Utawi awit para murid ngalami lan ningali piyambak mukjijat-mukjijat ingkang dipuntindakaken Gusti Yesus. Saged ugi awit pawadan-pawadan sanes ingkang boten saged dipunjlentrehaken inggih punika batosipun piyambak ingkang mbereg supados ndherek Gusti Yesus. Para murid sami ndherek Gusti Yesus kanthi tulus, nilar pandamelan, nilar brayat kangge ngiring lampahipun Gusti Yesus dhateng pundi-pundi martosaken pamratobat, kabar kabingahan, memulang, nyarasaken tiyang sakit lan sapanunggalanipun.
Nalika Gusti Yesus paring pawartos bab sangsaranipun (ay.31), para murid mirungganipun Petrus rumaos bilih bab ingkang kawartosaken punika boten saged dipun nalar dening Petrus. Kadospundi Sang Mesih ingkang dipunajeng-ajeng, sanalika paring pawartos ingkang boten cundhuk kaliyan pangajeng-ajengipun Petrus. Ananging miturut Gusti Yesus, dhawuhnipun cetha. Gusti Yesus rawuh sanes kangge ngluwari umat Israel saking penjajah Romawi. Gusti rawuh dados panebusing dosa. Dados panebusing dosa tegesipun Gusti Yesus kedah nandhang sangsara malah kedah seda.
Dhawuh punika sanes dhawuh ingkang temporal utawi namung sawetawis wekdal. Menawi dhawuh pangluwaran Israel saking penjajah punika temporal. Menawi Romawi sampun kawon, mila tugasipun Sang Pangluwar sampun cekap/rampung. Dhawuh ingkang kedah dipun lampahi dening Gusti Yesus benten. Dhawuh ingkang dipun lampahi Gusti Yesus punika dhawuh ingkang berkelanjutan, ingkang wohipun badhe saged dipun raosaken manungsa salaminipun. tumrap ingkang setya ndherek Gusti Yesus, wonten prasetya kawilujengan utawi gesang langgeng. (ay. 35)
Prasetyanipun Gusti Yesus tumrap manungsa punika adhedhasar iman kapitadosan. Rama Abraham lan ibu Sara dipunparingi prasetya tedhak turun ingkang kathah lan dados berkah ugi krana iman. Makaten ugi serta Rum ugi ndhawuhaken bilih prasetya dipunparingaken awit iman. Makaten ing kapitadosan Kristen, ingkang dipunsebut leres punika sanes krana nindakaken hukum nanging namung karana iman. tumrap sok sintena ingkang nengenaken nalaripun, kabar bilih Gusti Allah nandhang sangasara punika tamtu aneh lan boten saged katampi. Kadospundi Allah ingkang agung saged nandhang sangsara? Makaten pikiripun. Nanging ing salebeting iman, sedaya prekawis punika saged dipunmangertosi.
Minggu punika kita lumebet ing Minggu Pra-Paskah II. Dipunwiwiti Minggu kepengker, kita lumebet ing wekdal ingkang wigati tumuju dhateng prastawa paling punjer ing iman kapitadosan kita inggih punika Paska/Seda lan Wungunipun Gusti Yesus, Sang Kristus. Sumangga kita raos-raosaken, dinten minggu kanthi pitados dhumateng prasetyanipun Gusti Allah.