Nalika kita mireng tembung “endah”, mbok menawi kita lajeng nggalih endah punika wonten gegayutanipun kaliyan bab ingkang ngremenaken, nengsemaken, mbingahaken tumraping gesang kita.

Ananging, kadospundi menawi “endah” ingkang kita raosaken punika awit kita saged ngapunteni tetiyang ingkang nate ngawon-awonaken kita lan damel tatuning ati?

Paseksi saking Yusuf wonten ing Waosan Purwaning Dumadi 45:3-11,15, nalika kaaniaya lan dipun sade dening para sadherekipun temtu damel tatu ing manahipun Yusuf. Nanging Yusuf saged nglawan lan ngawonaken raos sengit kaliyan para sadherekipun. Ing pungkasanipun Yusuf kersa nampi lan ngapunteni para sadherekipun, malah kersa ngrimat pagesangan para sadherekipun nalika wonten ing Mesir.

Temtu punapa ingkang dipun tindakaken dening Yusuf punika boten satunggaling prekawis ingkang gampil lan prasaja. Mbok menawi dangu sanget anggenipun Yusuf nentremaken dhiri lan manahipun piyambak.

Saking waosan punika kita saged nampi piwucal, kadospundi Yusuf ngapunteni lan ngrimat para sadherekipun. Kaping pisan, ngeneraken gesangipun dhumateng Gusti! Yusuf mawas bilih sedaya ingkang dipun tampi lan dipun alami ing gesangipun punika sampun dipun tata Gusti Allah kanthi sae lan endah. Pancen leres, Yusuf kedah ngraosaken lan ngalami kawontenan ingkang boten ngremenaken langkung rumiyin, nanging Yusuf pitados bilih wonten pakaryanipun Gusti ingkang endah ing salebeting kasangsaran lan Gusti boten badhe negakaken Yusuf nglampahi gesangipun piyambakan (6-9). Kaping kalih, nglalekaken kalepatan lan purun ndandosi kawontenan supados langkung sae lan prayogi ing ngarsanipun Gusti (10-15). Yusuf boten namung ngapunteni para sadherekipun, nanging Yusuf ugi ngrimati para sadherekipun punika, supados saged pikantuk pagesangan ingkang langkung sae ing tanah Mesir. Saking prekawis punika nedahaken wonten proses rekonsiliasi ing antawising Yusuf lan para sadherekipun.

Sumangga para sadherek, kita nulad Yusuf. Mbok menawi wonten ing antawising kita ingkang taksih ngendhem sengit dhumateng sadherek kita, kita ngeneraken gesang kita dhumateng Gusti langkung rumiyin, pados punapa ingkang dipun kersakaken Gusti tumrap gesang kita. Sasampunipun punika, kita nglalekaken kalepatan lan purun ndandosi kawontenan ingkang boten ngremenaken punika supados kita saged sekeca nglampahi gesang peparingipun Gusti lan gesang kanthi apunten-ingapunten punika saestu endah tumraping para pandherekipun Gusti. Gusti mberkahi kita sedaya. Amin.

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.