Sadhengah tiyang nggadhahi pangajeng-ajeng supados saged gesang kanthi rukun, inggih ing satengahing brayat lan masyarakat. Awit nalika kita ngraosaken lan ningali karukunan punika wonten ing pundi-pundi, kita saged nglampahi gesang utawi nindakaken samudayanipun kanthi kebak ing tentrem-rahayu lan kabingahan.
Nanging kadhang kala, punapa ingkang dados pepinginan kita punika boten satraju kaliyan punapa ingkang kadadosan sacara nyata ing satengahing gesang kita. Karukunan punika kados-kados dados satunggaling bab ingkang awis lan sisah dipun raosaken ing jaman samangke. Menawi kita ningali TV utawi maos pawartos ing koran, kathah sanget tumindak-tumindak kriminal ing jagad. Bab-bab kriminal, contonipun begal lan rampog, punika ingkang njalari kita rumaos boten tentrem lan kuwatir nalika kita badhe nglampahi gesang padintenan. Punapa malih ing jaman ingkang kasebat jaman digital samangke, kathah tiyang ingkang sangsaya gampil menawi badhe nindakaken bab-bab ingkang boten prayogi ing media sosial. Kathah Netizen (warga internet) ingkang ngginakaken teknologi punika kanthi boten disarengi kaliyan kawicaksanan utawi pambudi. Kathah tiyang ingkang mburu kepentinganipun piyambak ing satemah punapa ingkang dipun tindakaken punika langkung damel kawontenan sangsaya boten sae.
Saking waosan Yakobus 3:13-18, Yakobus ngemutaken kita sedaya minangka pandherekipun Sang Kristus, supados nglampahi gesang punika kanthi wicaksana sarta limpad ing budi, Supados kita saged damel kawontenaning jagad punika boten sangsaya awon ananging kebak ing karukunan. Menawi wonten ing antawising kita ingkang taksih remen nggadhahi raos ingkang kasebat “nduweni rasa meri sarta mung mikir marang awakmu dhewe, gumunggung lan goroh” (ay.14), sumangga bab-bab ingkang kados makaten punika dipun pendhem utawi dipun bucal. Awit sedaya punika dipun ngendikaaken “dudu kawicaksanan kang tumurun saka ing ngaluhur, nanging saka ing donya, saka ing hawa-nepsuning manungsa, saka setan-setan” (ay.15).
Sumangga kita ngupadi lan mbudidaya supados saged dados putra-putraning Allah ingkang kebak ing kawicaksanan kang tumurun saka ing ngaluhur. Kadospundi ta gegambaranipun tiyang ingkang kebak ing kawicaksanan punika? Inggih punika “murni utawi tulus saking manah, dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik,ora ilon-ilonen sarta lamis” (Ay.17). menawi kita saged mbudidaya bab punika kanthi saestu, kita saged kasebat putra-putraning Allah ingkang remen mbangun pirukun. Sumangga kita wiwiti saking brayat kita piyambak-piyambak langkung rumiyin minangka peranganing kelompok ingkang paling alit. Kita tansah nyuwun panuntuning Sang Roh Suci supados kita kasagedaken nindakaken sadaya bab ingkang leres wonten ing ngarsanipun Sang Kristus Yesus. Sampun ngantos kita kelu lan kawon kaliyan kawotenan jaman wekdal punika. Amin.