Wonten satunggaling lare, sebat kemawon Agus, ingkang nembe katampi ing universitas favorit. Awit saged dados mahasiswa ing universitas favorit, Agus rumaos mongkog. Nalika bidal dhateng kampus, ing salebeting angkutan umum, Agus jejer kaliyan satunggaling lare estri ingkang ayu. Agus lajeng tepangan kaliyan lare estri kala wau, kasebat kemawon Susanti. Awit kepengen Susanti saged ngatosaken lan kesengsem dhateng piyambakipun, Agus lajeng nyariosaken maneka warni prekawing bab kehebatan-kehebatanipun, mirunggan ing bab kados pundi piyambakipun saged dados mahasiwa universitas favorit. Susanti mantuk-mantuk lan mesam-mesem mirengaken cariosipun Agus. Kekalihipun mandhap ing sangajenging kampus ingkang sami lan tumuju ing ruang kelas ingkang sami ugi. Agus mbudidaya pados kursi ingkang taksih kosong lan kepengen Susanti saget lenggah ing jejeripun. Ananging, Susanti malah tumuju ing kursi ngejang lan lenggah ing kursi dosen. Nalika kuliah kawiwitan, Susanti nepangaken bilih piyambakipun dosen. Agus kaget lan rumaos lingsem sanget. Tiwas sampun umuk bilih piyambakipun mahasiswa hebat, jebul anggenipun umuk dhateng dosenipun.
Raos gumunggung kados katingal ing sikepipun Agus minangka mahasiswa universitas favorit kala wau ugi asring nguwaosi manahipun manungsa. Gumunggung mujudaken manah ingkang dipun kuwaosi raos bilih pribadinipun langkung katimbang tiyang sanes. Prekawis-prekawis ingkang saged ndadosaken tiyang gumunggung antawisipun kasugihan, kalenggahan, kapinteran lss. Raos gumunggung punika saged muwuhaken maneka warni prekawis ingkang mboten sae. Agus kisinan awit gumunggungipun dhateng tiyang estri ingkang dados dosenipun. Tiyang ingkang gumunggung ugi gampil ngremehaken tiyang sanes, awit ingkang tansah dipun gatosaken inggih punika dirinipun piyambak. Pramila saking punika, Gusti Yesus memucal supados para kagunganipun mboten dipun kuwaosi raos gumunggung.
Gusti ngersakaken supados kita saged gesang ing salebeting andhap asor. Pramila, nalika Gusti Yesus dhahar sesarengan ing dalemipun satunggaling panggedhenipun Tiyang Farisi, Gusti Yesus ngemutaken supados para tamu mboten sami rebatan lenggah ing papan ingkang kinurmatan. Sampun ngantos kisinan awit sampun lenggah ing ngajeng, panggenan para tamu kinurmatan, lajeng dipun dhawuhi pindah dhateng wingking. Langkung prayogi manawi tamu punika mapan lenggah wonten ing wingking, ananging lajeng dipun aturi majeng dening ingkang kagungan kersa. Sampun ngantos kita punika rumaos aji, hebat, langkung katimbang tiyang sanes, kamangka kasunyatanipun tiyang mboten nganggep makaten. Tiyang ingkang badhe mbiji kados pundi kehebatan utawi kasaenan kita.
Andhap asor punika ingkang kedah kita wujudaken ing satengahing gesang padintenan. Tiyang ingkang andhap asor punika tiyang ingkang mboten namung nggatosaken dirinipun piyambak. Tiyang ingkang andhap asor punika saged ngurmati tiyang sanes kados punapa kemawon kawontenanipun tiyang punika. Pramila endah sanget manawi sikep andhap asor punika ingkang kita wujudaken ing satengahing gesang sesarengan ingkang maneka warni kawontenanipun. Sampun ngantos malah kita dipun remehaken tiyang sanes awit kita gumunggung, mangka kasunyatanipun kita punika mboten kaanggep sae dening tiyang sanes.