“Aja rumangsa bisa, nanging bisaa rumangsa”, piwucal ingkang ngengetaken kita supados saged gesang ing salebeting sikep manah andhap asor. Tiyang ingkang andhap asor inggih punika tiyang ingkang saged ngrumaosi bilih dirinipun punika mboten aji ing ngarsanipun Gusti. Pramila, ngrumaosi mboten wonten ingkang saged dipun gung-gungaken ing ngrasanipun Gusti. Prekawis punika ingkang ketingal wonten ing seratipun Rasul Paulus kagem Timotius. Timotius dipun engetaken supados tansah saged andhap asor ing ngarsanipun Gusti. Rasul Paulus ngaturaken paseksi bab peladosanipun. Rasul Paulus nggambaraken bilih peladosan punika kados dene tetandingan. Atlet ingkang ndherek ing tetandingan punika ngener supados saged mimpang lan nampi hadiah. Rasul Paulus ngraosaken bilih pitulungan lan pangayomanipun Gusti sampun tansah karaosaken, lan Rasul Paulus sampun celak ing garis pungkasan (celak kaliyan pepejah). Rasul Paulus pitados bilih makuthaning kayekten badhe katampi, mboten awit saking kasaenanipun utawi pambudidayanipun, ananging awit saking sih rahmatipun Gusti. Makuthaning kayekten punika mboten namung kangge Rasul Paulus, ananging ugi kangge sedaya tiyang ingkang cecengklungen ngantu-antu rawuhipun Gusti.

Gusti Yesus ugi paring pepenget dhateng tiyang-tiyang ingkang rumaos dirinipun sae lan leres, satemah gumunggung lan ngremehaken tiyang sanes. Pepengetipun punika kaparingaken lumantar pasemon bab Tiyang Farisi lan Juru mupu beya ingkang sami-sami sowan wonten ing ngarsanipun Gusti. Tiyang Farisi sowan kanthi sikep manah ingkang rumoas sae ing salebeting gesang lan pantes nampi pangalembana saking Gusti kanthi ngaturaken pandonga: “Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula boten sami kaliyan tiyang-tiyang sanes, sanes rampog, sanes tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanes tiyang ingkang lampah jina saha boten kados juru mupu beya punika. Kawula siyam kaping kalih saminggu. Sadaya pandamel kawula, kawula pisungsungaken saprasedasanipun.” (Lukas 18:11-12) Dene Juru mupu beya dipun ngendikakaken: ”Juru mupu beya iku mung ngadeg ana ing kadohan, malah tumenga marang ing langit bae ora wani, nanging mung tebah-tebah dhadha sarta munjuk mangkene: “Dhuh Allah, kawula tiyang dosa mugi Paduka welasi.”(Lukas 18:13). Gusti Yesus nglajengaken kanthi ngendika bilih juru mupu beya wangsul minangka tiyang ingkang sampurna, lan Tiyang Farisi boten. Tiyang ingkang rumaos paling leres, suci utawi berjasa, asring mboten malih mbetahaken Gusti Allah. Manawi nindakaken pangibadah, namung pados pangalembana utawi malah nagih berkahipun Gusti ing sedaya kasaenanipun.

Sikep manah andhap asor pancen perlu kabangun ing sauruting gesang. Prekawis punika ingkang ugi dipun sebar ing satengahing bangsanipun. Lumantar sesambetanipun kaliyan Gusti, Yeremia ngajak bangsanipun ngakeni lan nelangsani dosa-dosanipun ing ngarsanipun Gusti, sarta ngendelaken pitulunganipun Gusti. Pramila, lumantar wekdal anggen kita ngraos-ngraosaken gesang ing salebeting wulan brayat punika, sumangga kita sami mbudidaya mujudaken gesang andhap asor. Kita minangka tiyang sepuh utawi anak saged ngurmati warganing brayat sanesipun.

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.