Kita asring mireng carios, tiyang wuta wiwit lair ingkang kadhawuhan nggambaraken gajah. Awit mboten saged ningali kanthi wetah, mila gambaranipun namung winates ingkang saged kacepeng. Wonten ingkang mastani gajah kados kipas, awit ingkang kacepeng perangan kuping. Dene sanesipun ngaturaken kados tali, bumbung, terompet utawi tembok. Gambaran punika mboten leres awit namung saperangan ingkang dipun mangertosi.

Makaten ugi menawi tiyang punika badhe ngaturaken gambaran bab Gusti Allah. Manungsa mboten saged mangertos kanthi wetah kados pundi Gusti Allah punika, awit kita punika winates. Ing kawontenan kamanungsan ingkang winates punika, Gusti Allah kepareng rawuh lan nepangaken dirinipun dhateng manungsa.

Nabi Yesaya nyariosaken bilih piyambakipun nathe nyumurupi Gusti Allah. Sanadyan sampun ningali Gusti Allah, Nabi yesaya ugi mboten saged nyariosaken gambaran ingkang cetha bab kados pundi Gusti Allah punika. Prekawis punika pancen cocok kaliyan paseksi Kitab Suci ing Prajanjian Lami bilih mboten wonten tiyang ingkang saged utawi kiyat aben ajeng kaliyan Gusti. Nabi Yesaya ngaturaken: “Pangeran lenggah ing dhampar kang dhuwur lan munggul, tuwin poncoting jubahe ngebeki Padaleman Suci (Yesaya 6:1). Sanadyan mboten cetha, ananging kamulyanipun Gusti saged karaosaken dening Nabi Yesaya. Lan ing tetingalanipun, Nabi Yesaya mangertos wontenipun para Serafim (titah kaswargan), kadosdene malaekating Allah, ingkang dipun gambaraken kadosdene manungsa aswiwi nenem (Yesaya 6:2). Para Serafim punika nguwuh-uwuh: “Suci, suci, suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah, saindenging bumi kebak ing kamulyane (Yesaya 6:3). Panguwuh-uwuhipun Serafim wau nggonjingaken, ngantos Nabi Yesaya ngrumaosi hakekatipun minangka tiyang dosa (Yesaya 6:5). Kakiyatanipun Gusti Allah dipun ketingalaken lumantar punapa ingkang katindakaken Serafim ingkang damel pulihipun Yesaya. Pengalaminipun Nabi Yesaya punika maringi gambaran bab kamulyanipun Gusti, ananging ugi Gusti kepareng nucekaken Nabi Yesaya lan ngutus Nabi Yesaya.

Pepanggihan antawisipun Nikodemus lan Gusti Yesus ugi nyariosaken bab kados pundi manungsa saged mangertos bab Gusti. Nikodemus pitados dhumateng Gusti Allah ingkang maha kuwaos. Nikodemus ugi pitados bilih Gusti Yesus pinangkanipun saking Allah awit sadaya pakaryanipun. Ing pepanggihanipun punika, Gusti Yesus mucal Nikodemus bab lair anyar ing Sang Roh. Roh ingkang sami kaliyan Rohipun Allah ingkang kaparingaken dhateng manungsa nalika manungsa katitahaken. Pramila, lumantar Kitab Suci kita pikantuk piwucal bilih Allah nepangaken diri dhateng manungsa minangka Allah ingkang ngluwari manungsa saking dosa. Allah ingkang nresnani manungsa, ngantos rawuh ing jagad dados manungsa ing Gusti Yesus ingkang seda sinalib lan wungu saking seda, lan Allah ingkang makarya ing Roh kangge mitulungi manungsa. Pramila, kita tepang bilih Gusti Allah punika Gusti Allah Trinitas, inggih punika Allah Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci ingkang makarya kangge kawilujenganipun manungsa.

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.