Tiyang gesang temtu nggadhahi prekawis. Milanipun olah pikir ingkang positif saged mbiyantoni ngènthèngaken gesang. Olah pikir positif badhé ngajak kita amrih ngajèni dhiri kita lan ngrembakakaken peparingipun Gusti ingkang sampun kita tampi senadyan nembé kasempyok ing prekawis. Kepara, olah pikir positif badhé dadosaken kita ngajèni tiyang sanès. Mekaten ugi menawi kepanggih tantangan lan prekawis, boten badhé kita tampik nanging kita adhepi kanthi pitados, ulet, lan sumarah. Nalika panjenengan olah pikir positif, temtu hasil ingkang positif badhé katampi.
Cobi kita tingali, kados pundi Dawud ingkang tetep jejeg nalika ngadhepi tata gesangipun ingkang kebak ing tantangan lan prekawis. Piyambakipun tetep caos sokur ing samudayanipun, awit Gusti punika setya, saé lan tansah wonten nalika kita mbetahaken. Bab ingkang sami ugi karaosaken déningRasul Paulus ing serat Èfesus. Pandonganipun Rasul Paulus ing Èfesus 3:14-21 ngrembag bab sih kamirahanipun Gusti. Mila leres, ngrembag kamirahanipun Gusti dédé prekawis ingkang gampil. Sih kamirahanipuyn Gusti sanyata sampurna lan nglangkungi sedaya seserepan, matemah kanggé ngrembag kamirahanipun Gusti mbetahaken seserepan kasukman, boten namung seserepan bab lantiping pamikir kémawon.
Senadyan pandonganipun Rasul Paulus nengsemaken, nanging kanyatanipun peparingipun Gusti Allah nglangkungi panyuwuning pandonga kasebat (ayat 20).Senadyan Rasul Paulus menggalihaken menapa kémawon ingkang dipun betahaken déning pasamuwaning Èfesus, nanging Gusti Allah sampun maringi langkung saking menapa ingkang dipunpenggalih déning Rasul Paulus. Punika penting, awit kamirahanipun Gusti nglangkungi penggalihipun manungsa.Sedaya kaparingaken déning Gusti dédékanggé kabetahanipun manungsa, nanging kanggé kamulyanipun Gusti. Kamulyanipun Gusti punika cetha sanget saking manunggilipun pasamuwan kaliyan Gusti.
Punika nyethakaken sikaping kang optimis, pitados bilih Gusti punika wontenlan makarya. Gusti tansah makarya lan nulungi para kagunganipun. Milanipun sampun ngantos kita mangu-mangukaliyan Gusti, kadosdéné sikapipun parasekabatipun Nabi Élisa lanugi sekabatipun Gusti Yésus. Senadyan sampun ningali manekawarni mukjijatipun Gusti, nanging nyatanipun boten mitadosi. Milanipun nalikapara sekabatipun Gusti katerak déning prahara agenging seganten, lajengtumusraos ajrih.
Para Sedhèrèk, gesang kita meh sami kaliyan lumampahipun para sekabatipun Gusti nalika nyabrang seganten Galilea. Gesang kita menawi nilaraken Gusti temtu badhé nampéni prejawis ingkang kathah lan awrat, malah kepara praharanipun gesang tansah nempuh gesang kita. Raos ajrih ingkang dipun alami déning para sekabat ugi asring kita lampahi, lan punika limrah. Malah kepara kita ugi asring kadosdéné para sekabat ingkang miyandelaken kekiyatan dhiri kita nalika manggihi prekawis. Lan nalika kita ing tengahipun prekawis, Gusti rawuh ngasta kaélokan ngudhari prekawi, nanging kita punika dede pakaryanipun Gusti nanging saking kadigdayan kita. Lan asring nalika kita ajrih, kita klentu ningali Gusti. Kita asring dipun rumaos katilar déning Gusti nalika kasempyok ing prekawis.
Milanipuning wekdal samangké kita kaémutaken menawi Gusti punika tansah wonten lan tansah makarya. Menawi kita ngakenibab punika, mila nalika kita nyanggi bab ingkang awrat sanget, badhé kita anggep minangka kabegjan lan dados berkah. Milanipun kita kedah optimis, pitados menawi Gusti punika tansah wonten lan makarya.
http://gkjjoyodiningratan.org/content/aja-wedi-ing-sadhengah-reribet