Pasemon bab alang-alang ing antawisipun gandum punika ngémutaken sapérangan prekawis, inggih punika: Sepisan, tansah wonten panguwaos ingkang awon ing satengahing donya lan panguwaos punika saèstu ngreridhu lan badhé ngrisak winihing kabecikan.

Kaping kalih, asring boten gampil nalika kedah mbèntenaken winih ingkang saè lan winih ingkang awon. Boten cekap namung ningali kwalitas gesangipun manungsa ingkang katingal, ing ngajeng ketingal saè, manis, santun nalika ngendika, kamangka nusuk saking wingking. Ketingal kados mendha kamangka aslinipun segawon ajag. Kaping tiga, samia pitados bilih mangsa panèn punika temtu badhé kalampahan. Badhé ketingal cetha pundi gandum lan pundi ingkang alang-alang. Rawuhipun Gusti Yésus ingkang kaping kalih temtu badhé dumugi. Saben tiyang kedhah tanggel jawab gegayutan kaliyan punapa ingkang sampun dipuntindakaken.

Ing Rum 8:12-25, Rasul Paulus ngagem konsep ADOPSI saprelu nerangaken sesambetan ing antawisipun tiyang Kristen kaliyan Gusti Allah. Tiyang Kristen dipun angkat (adopsi) dados brayatipun Allah. Proses adopsi ing satengahing masyarakat Romawi sanès perkawis ingkang gampil awit mbetahaken proses ingkang saèstu dangu awit syarat-syaratipun kathah sanget, kepara ndhatengaken kasisahan. Pramila tiyang ingkang badhé dipun adopsi lan brayat ingkang badhé ngadopsi punika badhé nampi konsekwénsi: Sepisan, tiyang ingkang sampun dipun adopsi punika badhé kécalan sedaya hak saking brayat ingkang lami lan nampèni hak énggal ing brayat ingkang sapunika. Kaping kalih, piyambakipun badhé dados ahli waris kagunganipun tiyang sepuhipun ingkang énggal. Kaping tiga, sacara hukum, gesang ingkang lami sampun boten dipun étang malih, kadosdéné utang-utang. Kaping sekawan, sacara mutlak piyambakipun sampun dados gadhahanipun tiyang sepuh ingkang enggal.

Punika inggih dados pamanggihipun Rasul Paulus lan kaaturaken dhateng pasamuwan ing Kitha Rum, mekaten ugi tumrap kula lan panjenengan. Kita punika minangka tiyang ingkang nggadhahi utang, sanès utang bab kadagingan, ananging utang dhumateng Allah. Pramila kula lan panjenengan kedahipun nilaraken gesang ingkang lami lan lumebet ing gesang énggal ingkang kapimpin déning Roh, awit kita sapunika minangka putraning Allah lan kagunganipun Allah. Kepara kita kawastanan ahli waris. Kita sedaya ugi badhé nampèni warisan saking Gusti Allah, inggih punika kamulyan sesarengan kaliyan Gusti Yésus, kanthi syarat kita sedaya purun nandhang kasangsaran kados déné Kristus Yésus. Ing samadyaning kasangsaran punika, Gusti Allah paring prajanji bilih Panjenenganipun bakal paring kekiyatan supados kita tansah nggadahi pangajeng-ajeng.

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.