Wonten satunggaling carios bab angin Topan, Tornado dan Bahorok ingkang sami tetandingan badhe ndawahaken kethek ingkang gumantung ing wit-witan. Angin Topan ngedalaken sedaya kekiyatanipun nyebul kethek kala wau. Sadar manawi wonten angin ageng, si kethek cepengan pang kanthi kenceng, satemah mboten dhawah. Angin Tornado ugi ngedalaken sedaya kekiyatanipun lan nyebul si kethek. Ananging si kethek ugi gondhelan kanthi kenceng, satemah mboten dhawah. Makaten ugi ingkang kalampahan nalika angin Bahorok ingkang kiyat mbudidaya ndawahaken si kethek, pambudidayanipun mboten kasil awit si kethek gondhelan kanthi kenceng. Sasampunipun sawetawis wekdal, angin sumiyut nglangkungi panggenan anggenipun si kethek gumantung. Nalika ngraosaken sumiyutin angin, si kethek liyer-liyer lan dumadakan dhawah. Angin ingkang ketingal alon, mboten ageng dayanipun punika, malah ingkang ndawahaken si kethek.
Carios punika mucal dhateng kita bilih ing satengahing bab-bab ingkang kita anggep limrah, lumampah sae saben dinten lan sekeca, malah ndadosaken kathah tiyang ingkang kecalan sikep waspada satemah gampil “dhawah”. Carios punika mucal bilih kita kedah tansah waspada ing sadengah kawontenan. Gusti paring pangandika ing Mateus 24:42,44 makaten: “Mulane padha rumantia, amarga kowe ora ngreti dina rawuhe Gusti. Awit saka iku, kowe uga padha rumantia, amarga rawuhe Putraning Manungsa iku ing wayah kang ora koknyana.” Gusti Yesus ngendika bilih mboten wonten satunggal kemawon tiyang, kejawi Gusti Allah Sang Rama, ingkang mangertos kapan Gusti badhe rawuh malih. Pramila saking punika, sikep ingkang kedah dipun wujudaken inggih punika tansah siyaga. Gusti Yesus paring maneka warni pasemon kangge nggambaraken prelunipun sikep siyaga punika. Kados nalika jamanipun Nabi Nuh, Nabi Nuh kadhawuhan damel prau. Tiyang-tiyang ingkang nembe ing salebeting gesang ingkang lumampah sae, sami gumujeng lan memoyok dhateng Nuh. Pramila, namung brayatipun Nabi Nuh ingkang wilujeng saking banjir ageng.
Pasemon sanesipun inggih punika kados tiyang kalih ingkang nyambut damel ing pategalan sesarengan lan tiyang estri kalih ingkang nembe ngubengaken panggilingan. Kacarios bilih saking tiyang kalih kala wau, satunggal kapundhut, dene satunggalipun katilar. Nyambut damel ing pategalan nedahaken kawontenaning padamelan padintenan. Bab ingkang limrah lan sampun dados padatan padintenan ingkang kados makaten, saged ndadosaken kita kecalan sikep waspada. Dene pasemon ingkang kaping tiga inggih punika bilih rawuhipun Putraning manungsa kados dene maling ing wanci dalu.
Pasemon ingkang kaparingaken punika ngatag para sakabat supados sami migatosaken gesang padintenan. Sampun ngantos sami lena. Sikep siyaga lan rumanti punika dipun wujudaken kanthi preduli, ajen-ingajenan saha sami silih asah lan silih asuh. Rasul Paulus ngengetaken supados kita tangi saking tilem saha sami ngrasuk gegamaning pepadhang wonten ing Sang Kristus. Pramila sumangga kita sami mujudaken tata gesang ingkang tansah siyaga methukaken rawuhipun Gusti.