“Kakendelan” saking tembung “kendel”, tegesipun manah ingkang manteb lan tatag ngadepi bebaya utawi kasisahan. Kawontenan gesang ingkang maneka warni, kedah kita adepi kanthi kakendelan. Kakendelan mitulungi kita kangge tansah gadhah semangat berjuang, mboten gampil nglokro lan mboten gampil mlajar saking masalah. Kakendelan mujudaken sikep ingkang kedahipun dipun gadhahi dening para pemimpin. Kanthi kakendelan, para pemimpin saged ngetingalaken kawibawanipun, paring pangayoman dhateng tiyang ingkang dipun pimpin, lan siap ngadepi tantangan utawi bebaya ing tanggel jawabipun minangka pemimpin. Ananging kasunyatanipun, wonten para pemimpin ingkang mboten nggadhahi kakendelan, satemah malah mlajar saking punapa ingkang dados tanggel jawabipun. Para pemimpin ingkang namung pados fasilitas lan gesang sekeca. Pemimpin ingkang mboten purun berkorban kangge ingkang dipun pimpin, ananging malah ngorbanaken utawi tegel nilaraken tiyang ingkang kapimpin punika nemahi kacilakan utawi ngalami kasangsaran.
Wonten ing Yokanan 10:11-18, Gusti Yesus mratelakaken dirinipun minangka Pangen Ingkang Utami. Pangen ingkang saestu nresnani pepanthan mendha kagunganipun. Pangen Ingkang Utami punika beda kaliyan buruh ingkang nyambut damel kangge pados upah kemawon. Katresnanipun buruh dhateng mendha ingkang dipun engen, temtu beda kaliyan katresnanipun tiyang ingkang kagungan mendha. Awit namung mburu upah lan mboten nresnani mendha kanthi tulus, buruh badhe tegel nilaraken mendhanipun nalika ngadepi bebaya. Buruh pados wilujengipun piyambak, lan nilar mendha-mendhanipun kamangsa dening asu ajag. Mboten makaten tumrap Pangen Ingkang Utami. Pangen Ingkang Utawi temtu badhe tansah ngayomi mendha-mendhanipun saking bebaya. Pangen Ingkang Utami badhe nglawan sedaya mengsah kanthi kakendelan supados mendhanipun tetep wilujeng. Malah kangge ngayomi mendhanipun, Pangen Ingkang Utami badhe ngorbanaken sedaya prekawis kalebet dirinipun piyambak.
Gusti Yesus mratelakaken dhateng para sekabatipun bilih Gusti Yesus punika Pangen ingkang badhe masrahaken nyawanipun kangge mbabar kawilujengan ing gesangipun manungsa. Gusti Yesus mangertos bilih badhe nanggel kasangsaran ingkang ageng sanget ngantos seda sinalib supados manungsa manggihaken kawilujengan. Ananging Gusti Yesus karsa nampi sedaya punika ing katresnanipun. Gusti Yesus saestu pemimpin ingkang mratelakaken kakendelan, ngadepi bebaya kangge ngayomi lan milujengaken kita.
Gusti pancen Pangen Ingkang Utami ingkang maringaken jaminan sedaya kabetahan kita. Makaten paseksinipun Juru Mazmur ing Jabur 23:1 ingkang ngendika makaten: “Sang Yehuwah iku Pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.” Paseksi punika temtu medal awit saking pengalaman gesangipun wonten ing pitulunganipun Gusti. Dawud ngraosaken bilih Gusti tansah nyekapi kabetahanipun, nuntun dirinipun dhateng ing margi ingkang leres, ngayomi ing bebaya, lan sapituritipun. Sedaya punika temtu nuwuhaken raso ayem. Iba begja kita gesang ing pangayoman pemimpin ingkang mratelaken kakendelan kangge ngayomi kita ing katresnanipun.