Kasangsaran (saking tembung: sangsara) nggadhahi pangertosan kawontenan gesang ingkang mboten ngremenaken. Kasangsaran saged awujud kasangsaran lair (kajasmanen) lan kasangsaran batin (mental, perasaan). Kasangsaran lair contonipun kawontenan sakit, dipun aniaya, utawi karingkihan ing raga. Dene conto kasangsaran ing batin kados ta raos ajrih, kesepian, utawi kecalan pangajeng-ajeng. Ananging sejatosipun, antawising kasangsaran lair lan batin anggadhahi sesambetan. Tiyang ingkang sakit ing raganipun, ugi saged nuwuhaken kawontenan kesepian lan sak piturutipun. Kasangsaran mujudaken satunggaling kawontenan gesangipun manungsa. Ananging manungsa temtu kepengen mboten gesang salebeting kasangsaran. Pramila manungsa mbudidaya supados saged uwal saking kasangsaran ing gesang. Emanipun, kangge uwal saking kasangsaran, manungsa lajeng ngalalaken sadaya cara, malah kadang kala tega ndadosaken tiyang sanes nandhang sangsara. Manungsa asring mboten wantun nandhang sangsara.
Pangandikanipun Gusti ing Markus 11:1-11 nyariosaken Gusti Yesus ingkang kaarak lumebet ing Yerusalem. Gusti Yesus dipun pethukaken dening tiyang kathah kados rawuhipun Raja ingkang mimpang saking perang. Gusti Yesus rawuh kanthi nitih belo kuldi lan tiyang sami njereng jubah lan nyebar pang-pang wonten ing margi. Tiyang-tiyang sami nguwuh-uwuh: “Hosanna! Binarkahana kang rawuh atas asmaning Pangeran. Binarkahana Kraton kang rawuh, Kratone leluhur kita Sang Prabu Dawud, hosanna ing ngaluhur!” (Markus 11:9&10). Rawuhipun Gusti kanthi cara kados makaten punika ketingal badhe mratelakaken rawuhipun Sang Mesih kados dipun ngendikakaken ing Zakharia 9:9: “He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah penggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.” Tiyang kathah sami manggihaken Sang Mesih, ingkang jinebadan dening Gusti Allah, kangge mitulungi utawi ngluwari umatipun. Pancen kathah tiyang taksih sami nggadhahi pangertosan bilih Sang Mesih punika ingkang badhe lenggah ing dhamparipun Sang Prabu Dawud, paring kemenangan sacara politis dhateng umatipun Gusti. Ananging Gusti Yesus presa bilih Panjenenganipun punika ingkang kaagem dening Sang Rama kangge ngluwari umatipun Gusti sacara karohanen. Gusti Yesus sanes Sang Mesih ingkang badhe ngluwari Tiyang Yahudi saking panguwaosipun Romawi, ananging Sang Mesih ingkang ngluwari saking dosa. Sang Mesih ingkang badhe nandhang sangsara lan seda sinalib.
Wekdal Gusti Yesus lumebet ing Yerusalem, para pangagenging Tiyang Yahudi sampun sami nampik Gusti Yesus lan mbudidaya mejahi Gusti Yesus. Gusti Yesus ugi mangertos bilih Gusti Yesus badhe nandhang sangsara lan dipun sedani ing Yerusalem. Pramila kita saged mastani bilih rawuhipun Gusti ing Yerusalem ngetingalaken anggen Gusti Yesus wantun nandhang sangsara. Sadaya punika katampi dening Gusti supados manungsa nampi kawilujengan. Lumantar pangandika punika, kita ugi katimbalan wantun nandhang sangsara kados Gusti Yesus. Sangsara mboten awit kita nindakaken piawon, ananging sangsara awit tansah gesang leres lan setya dhumateng Gusti.