Setya mujudaken satunggaling timbalan wonten ing gesang kita. Tiyang ingkang setya inggih punika tiyang ingkang tetep ngugemi punapa ingkang dipun ucapaken utawi ngugemi komitmenipun. Upaminipun setya dhateng sisihan, ateges tiyang punika badhe tetep nyepengi punapa ingkang dados prasetyanipun dhateng sisihanipun ing sadengah kawontenan. Tiyang ingkang setya dhateng juragan inggih punika tiyang ingkang ngabdi kanthi tulus dhateng juraganipun, nindakaken punapa ingkang dados dhawuhipun juragan kanthi sae, lan mboten gampil kapilut pados juragan sanesipun. Setya ing pitados ateges kita tetep nyepengi kapitadosan kita dhumateng Gusti, mboten nyembah dhateng allah sanesipun, tetep ngendelaken Gusti lan nindakaken dhawuh-dhawuhipun Gusti.
Pangandikanipun Gusti maringaken paseksi bilih manungsa asring mboten setya dhumateng Gusti. Prekawis punika saged kita tingali wonten ing gesangipun tiyang Israel. Tiyang Israel gampil nilaraken Gusti ingkang sampun nresnani lan mitulungi ing gesangipun. Bangsa Israel sampun kaluwaraken saking Mesir, katuntun lan tansah dipun ayomi ing lampahipun, saha dipun berkahi ing kabetahanipun. Ananging, Tiyang Israel mboten setya dhumateng Gusti. Nalika ngadepi prekawis ing gesangipun, enggal anggenipun nggresula lan protes dhumateng Gusti. Dhawuh-dhawuhipun Gusti mboten dipun ugemi lan mboten dipun tindakaken.
Gusti Allah punika sampun setya ing prasetyanipun dhateng manungsa. Gusti Allah netepi pangandikanipun kangge milujengaken manungsa. Gusti Yesus, Allah ingkang manjalma dados manungsa, setya nglampahi kasangsaran, manggul salib kangge mratelakaken katresnanipun. Ananging, manungsa ingkang dipun tresnani asring mboten setya dhumateng Gusti. Malah tiyang-tiyang ingkang dipun tresnani sami nampik rawuhipun Gusti lan pitulungani-Pun. Panguwaosipun Gusti sampun kakabar ing ngajengipun kanthi cetha, ananging tetep kemawon anggenipun sami mangkotaken manah.
Gesangipun manungsa saged kagambaraken kados para lare ing waosan Mateus 21:28-32. Ingkang pambajeng punika lare ingkang ketingalipun alim, pitembunganipun sopan, ananging kados bebasan “Inggih, mboten kepanggih.” Awit sanadyan ngaturaken jawaban: “inggih” nalika nampi dhawuh saking Ramanipun, ananging mboten nindakaken dhawuh punika. Dene adhinipun punika lare ingkang nakal, menawi dipun dhawuhi njawab mboten purun. Ananging piyambakipun lajeng sadar, getun ing kalepatanipun lan purun nindakaken dhawuhe Ramanipun. Ing prekawis punika Gusti ngengetaken kesabaranipun satemah manungsa tansah kacawisan wekdal kangge mratelakaken pamratobat. Tegesipun, sanadyan asring kita punika mboten setya dhumateng Gusti, ananging nalika kita purun mratobat, Gusti tetep nampi lan paring pangapunten.
Minangka para putranipun Gusti, kita katimbalan supados tansah mratelakaken pangibadah kita minangka tanda bilih kita punika setya dhumateng Gusti. Kita pitados bilih namung Gusti tuking pitulungan kita. Nalika ngadepi masalah, kita sampun ngantos nebih saking Gusti, ananging malah kedah sangsaya celak dhumateng Gusti lan ngendelaken pitulunganipun kemawon. Sageda kita ugi setya nindakaken dhawuh-dhawuhipun. Gusti temtu mitulungi kita kangge mratelaken pangibadah ingkang leres dhumateng Gusti.