Kawontenaning gesang ingkang kita tampi kadang kala nuwuhaken raos ajrih. Makaten ugi ingkang karaosaken dening Sang Prabu Akhas. Panjenenganipun nathe ketaman raos ajrih ingkang ageng nalika bangsanipun ngadepi pangancam saking krajan kalih ingkang sekuthon badhe nyerang, inggih punika Krajan Israel lan Siria. Ing salebeting raos ajrih punika, Akhas migunakakaken nalar kamanungsanipun. Nalar pancen kaparingaken dhateng kita dening Gusti, ananging manawi gesang kita punika nengenaken nalar, temtu kita badhe ngraosaken ajrih utawi semplah nalika ngadepi kawontenan ingkang angel utawi ngungkuli nalar kamanungsan.
Pramila, Gusti ngersakaken supados kita ngendelaken Gusti utawi ngantepi pitados ing pitulungan lan panguwaosipun Gusti. Gusti Allah mboten nathe nilaraken para kagunganipun. Gusti paring pratanda lan caranipun kangge mitulungi manungsa. Wonten ing Yesaya 7:14 dipun ngendikakaken: “Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang paring pratanda dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar Putra Kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.” Pangandika punika manawi katampi ing nalar ketingal aneh lan malah kepara mokal. Satunggaling kenya dipun agem dening Gusti Allah kangge nelakaken lampahing tumindak mulihaken sarta milujengaken. Ananging pangandikanipun Gusti punika dipun tetepi lumantar Maryam, pacanganipun Yusuf, ingkang ngandeg Bayi Yesus, Sang Imanuel.
Kita ugi ningali kados pundi Yusuf nathe ngadepi kawontenan gesangipun kanthi nengenaken nalar. Nalika mireng bilih Maryam pacangipun ngandeg, Yusuf temtu ngraosaken bilih Maryam sampun nindakaken prekawis ingkang lepat. Pramila Yusuf mutusaken kangge mungkasi pepacanganipun kaliyan Maryam. Ananging Gusti mitulungi Yusuf kangge pitados bilih punapa ingkang kalampahan tumrap Maryam punika keparengipun Gusti Allah. Yusuf katuntun supados saged kumandel ing panguwaosipun Gusti satemah Yusuf kaagem Gusti kangge dados tiyang sepuhipun Gusti Yesus, Sang Imanuel. Kados punapa ingkang karaosaken dening Sang Prabu Akhas lan Yusuf, kita ugi asring nemahi kawontenan gesang ingkang nuwuhaken raos ajrih. Pramila minangka para kagunganipun Gusti, kita nampi pangandika saking Rasul Paulus ingkang ngengetaken bilih sejatosipun kita punika abdinipun Gusti ingkang nampi timbalan kangge martosaken Injil. Minangka para utusanipun Gusti, temtu kita kedah saged nglawan raos ajrih. Pangandika dinten punika ngengetaken dhateng kita bilih Gusti Allah tansah nunggil kaliyan kita. Manawi Gusti nunggil kaliyan kita, temtu tansah wonten pangayoman, pitulungan, lan kekiyatan. Gesang pancen asring nemahi prekawis-prekawis ingkang kita raosaken awrat, ngangkungi kakiyatan kita, lan ugi nggegirisi. Ananging Sang Imanuel sampun rawuh ing gesang kita.