Sadherek, nalika kita ngraosaken prekawis ingkang boten ngremenaken, kita tansah ndedonga dhumateng Gusti nyuwun kakiyatan lan margi supados kita saged ngadhepi lan luwar saking momotaning gesang punika.
Nalika kita ndedonga, tegesipun kita purun mbudidaya njagi sesambetan kita kaliyan Gusti Allah lan kita matur sedaya ingkang taksih kita alami utawi raosaken. Ngaturaken pandonga punika satunggaling prekawis ingkang katingal prasaja nanging hanggadhahi daya ingkang ageng sanget tumraping tiyang pitados. Nanging ing kasunyataning gesang, kathah tiyang ingkang ngremehaken utawi pesimis kaliyan kakiyataning pandonga, ing satemah nggadhahi pemanggih ndedonga kui ora penting, sing penting kui kepriye le nandangi.
Ing waosan Injil Lukas 11:1-13, Gusti Yesus nanggepi panyuwunaning para sekabat kanthi mucal lan maringi conto pandonga ingkang sae, inggih punika Donga Rama Kawula. Saking Donga Rama Kawula punika, para sekabat saged mangertosi kadospundi urut-urutaning pandonga ingkang leres. Kapisan, isining pandonga punika kedah ngluhuraken asmanipun Gusti Allah. Ndedonga boten namung matur sedaya pasambat kita, nanging kita ugi saged ngluhuraken Gusti ing salebeting pandonga. Nalika kita nampi berkah arupi kasehatan, kakiyatan, kabingahan lumantar ndedonga kita saged memuji asmaning Sang Yehuwah. Kaping kalih, isinipun pandonga punika ugi panyuwunan. Gusti Yesus mucal kita supados nyenyuwun punapa ingkang dados kabetahan kita. Gusti Yesus mrasetyakaken, nalika kita matur sedaya kabetahan kita, Panjenenganipun badhe maringi (ay.9-10). Nanging menawi kita sampun nampi punapa ingkang dados kabetahan kita, sampun ngantos kesupen ngaturaken panuwun lan sampun ngantos gumunggung lan malah ngasoraken tiyang sanes. Langkung sae malih kita ugi ndogakaken tiyang sanes supados Gusti ugi maringi sedaya ingkang dipun betahaken (pandonga syafaat). Kaping tiga, ing salebeting pandonga kita kedah nelakaken pamratobat kita (ay.4). Nalika ndedonga, sumangga kita ngakeni sedaya dosa kita, Gusti Yesus ngersakaken manah kita tinarbuka nalika kita sowan ing pandonga.
Sadherek, Yakobus ngandika pracaya tanpa panggawe iku iya mati (Yak 2:26), sasampunipun kita ndedonga kanthi leres, sumangga kita mratelakaken iman kita kanthi tumindak ingkang sae, ngupadi pakaryan-pakaryan ingkang sae ing jagad punika. Ndendonga lan makarya punika satunggaling bab ingkang boten saged kapisah tumrap tiyang pitados. Wilujeng nglampahi gesang peparingipun Gusti Allah kanthi ndedonga lan tumindak leres. Amin.