Paus Fransiskus nathe maringaken wejangan dhateng para calon manten ingkang suraosipun makaten: “Ora ana brayat kang sampurna, uga ora ana bojo kang sampurna. Lan aja ngrembug bab maratuwa kang sampurna. Kita iki manungsa dosa. Manawa kita sinau ngucapake “aku njaluk ngapura”, nenikahan bakal lestari salawase.”
Manah ingkang saged nglengganani ing karingkihan lan kekirangan, mujudaken manah ingkang tinarbuka kangge nampi sesaminipun. Pramila, wonten prekawis-prekawis ingkang kedahipun kita wujudaken ing gesanging brayat:
1. Urmat ingurmatan
Saben tiyang minangka warganing brayat nggadhahi kekirangan lan kaluwihan. Kekirangan lan kaluwihan punika mboten kangge ngremehaken satunggal lan satunggalipun, ananging kangge sami dene nyekapi lan mitulungi.
2. Gesang ingkang saged ngaturaken panuwun sokur
Saben brayat nggadhahi karepotanipun piyambak-piyambak. Kadang kala kita mboten saged ngucap sokur awit rumaos mboten binerkahan. Kita asring mbandingaken kawontenan brayat kita kaliyan brayatipun sedherek sanes, ingkang ketingalipun langkung sekeca lan binerkahan. Kamangka mboten wonten tiyang utawi brayat ingkang mboten nggadhahi masalah.
Pangandikanipun Gusti nimbali kita bilih ing gesanging brayat, kita kedah saged ngrengkuh sadaya prekawis, kalebet ngrengkuh karingkihaning brayat. Tembung “ngrengkuh” nggadhahi suraos kasanggemanipun satunggaling tiyang kangge nampi utawi nggeret tiyang sanes lumebet wonten ing rangkulanipun. Satemah tiyang kala wau ngraosaken ayem, katampi, lan dipun urmati. Wonten ing Kitab Suci sampun cetha bilih Gusti Allah karsa ngrengkuh karingkihanipun manungsa. Prekawis punika ingkang dipun ngendikakaken dhateng umat kagunganipun: “ … Ingsun ngasihi sira klawan katresnan kang langgeng, mulane Ingsung nglestarekaken sih susetyaningSun marang sira. Ingsun bakal mbangun sira maneh, temah sira binangun, he putri Israel …” (Yeremia 31:3-4a) Wonten ing karingkihanipun, bangsa Israel nampi pangrengkuhipun Gusti ingkang badhe mitulungi umatipun wangsul ing Tanah Prasetyan.
Kitab Injil Markus ugi nyarosaken pangrengkuhipun Gusti Yesus dhateng manungsa, mirunggan ingkang ringkih. Gusti Yesus kepareng nimbali lan nampi Bartimeus, ingkang kasebat wuta lan saben dintenipun ndheprok pepriman (mengemis) ing pinggir margi. Kathah tiyang ingkang sami nyaruwe Bartimeus ingkang bengok-bengok “Dhuh, Yesus, Putranipun Daud, mugi melasi kawula (Markus 10:47). Pambengokipun Bartimeus mujudaken pasambatipun tiyang sangsara ingkang ngantu-antu pitulunganipun Gusti kados ing Kitab Jabur 4:2, 6:2, 41, 123:3. Tiyang kathah sami memoyok lan mboten preduli ing karingkihanipun Bartimeus, ananging Gusti ngrengkuh Bartimeus. Gusti Yesus ingkang presa dhateng kapitadosanipun Bartimeus ngendika: “Wis mundura, pangandelmu kang mitulungi kowe!” (Markus 10:52). Bartimeus binerkahan kasarasan dening Gusti satemah saged ningali. Pitulunganipun Gusti punika dipun tanggapi Bartimeus kanthi ndherekaken tindakipun Gusti Yesus. Pramila, kados dene Gusti ngrengkuh karingkihan kita, sumangga kita sami dene ngrengkuh karingkihaning brayat kita lan sesami. Pangrengkuh ingkang saged mulihaken brayat lan sesami saking karingkihan karohanen, jasmani, utawi amargi karibedan ing salebeting gesang.