Para sadherek ingkang kinasih, nalika kita mireng jejer ing nginggil, kadosipun ukara punika kados ukara rayuan saking salah satunggaling tiyang tumrap tiyang ingkang dipun tresnani, awit nalika tiyang punika nembe kasmaran, temtunipun badhe ngupadi kados pundi caranipun ndhatengaken kabingahan tumrap tiyang ingkang dipun tresnani.
Nalika tiyang ingkang dipun tresnani punika ngraosaken kabingahan, pramila piyambakipun ingkang ngupadi kala wau ugi ngraosaken kabingahan ing manahipun. Sadaya punika saged lumampah kanthi makaten nilih wonten raos katresnan ingkang tuwuh ing manah. Sadaya sami ngupadi kadospundi ndhatengaken kabingahan tumrap sesami.
Para sadherek ingkang kinasih, waosan Yun 3: 10 – 4:11, mratelakaken kados pundi raos manahioun Yunaus ingkang saestu kuciwa awit Gusti Allah boten saestu ndhawahaken paukuman tumrap Niniwe. Yusuf tindak dhateng NinIwe martosaken bab paukuman ingkang badhe dipun tampi dening warganing Kitha Niniwe awit tumindakipun ingkang boten condhong kaliyan pangandikanipun Gusti. Nanging, sasampunipun nampi pawartos saking Yunus punika, warga Niniwe enggal-enggal sadhar lan mratobat, nyuwun sih kawelasanipun Gusti supados boten paring paukuman tumrap Niniwe. Sadaya warga sami ngupadi mratobat kanthi siyam lan ngagem bagor, sang ratu ugi nilaraken kalenggahanipun lajeng lenggah wonten awu. Nyatanipun punapa ingkang dipun tindakaken punika ndadosaken Gusti paring pangapunten tumrap Niniwe lan boten saestu paring paukuman. Bab punika ingkang ndadosaken Yunus saestu kuciwa dhumateng Gusti Allah, awit Yunus nggadhahi pamanggih, Niniwe punika kedah nampu paukuman saking Gusti!
Ing waosan Injil Mateus 20:1-15, nalika para buruh punika nampi upah saking bendaranipun, wonten prekawis ingkang ndadosaken para buruh punika sami gumun lang bingung, awit upah ingkang dipun tampi dening para buwuh ingkang nyambut damel sadinten muput punika sami kaliyan upahipun para buruh ingkang nyambut damel namung satunggal jam. Prekawis punika temtu ndadosaken para buruh ingkang namung satunggal jam bingah sanget, nanging tumrap buruh harian inkang meri kala wau, bendaranipun punika karaosaken boten adil lan boten leres.
Saking cariyos Yunus lan pasamon ing waosan Injil punika, kula lan panjenengan sadaya saged mangretosi bilih wonten raos kumeren lan boten nrimah manawi tiyang sanes nampi berkah. Tegesipun, sipat kados makaten punika gampil sanget tuwuh lan uwal saking dhiri manungsa. Manawi sipat kados makaten punika diuri-uri, disirami lan dipupuk, mila dangu-dangu sangsaya ageng lan sangsaya ngrisak gesangipun manungsa. Awit saking punika, saking cariyos pangandikanipun Gusti punika, kita sadaya ugi pikantuk piwucal bilih Gusti boten badhe mendel kemawon tumrap tiyang ingkang nggadhahi sipat kumeren. Panjenenganipun enggal-enggal ngemutaken bilih etuking gesang lan sadaya berkah punika inggih saking Gusti Allah piyambak lan Gusti piyambak ingkang kagungan kuwaos mranata samubarang. Sadaya ingkang sampun dipun tata punika sampun ingkang paling sae tumrap kita, sanadyan berkahipun Gusti kadhang kala boten sami, nanging, kita kedah mawas bilih berkahipun Gusti punika temtu bakal kita tampi. Nalika kita ngucap sokur kaliyan punapa ingkang sampun kita tampi, kita mangretosi bilih berkahipun Gusti punika tansah luber. amin